Monday, March 24, 2014

Contoh Cerkak (Cerita Cekak)

 


Tes…. Tes… Tes…
Wengi iku aku nunggu Risty kancaku nganti keturon ing kursi cedhak dhipan kang di enggo turu dening Risty. Nalika iku Risty dirawat ing rumah sakit amarga ketabrak mobil nalika mlaku menyang sekolah.
Esuk iku jam 7 pas kelase Risty ana ulangan IPA, Risty sinambi sinau nalika mlaku menyang sekolah,,,, akhire Risty nyabrang tanpa ndeleng kiwa tengen. “Braakkkk…….” Risty ditabrak mobil lan mental menyang pinggir dalan. Aku kang durung mangkat sekolah banjur lunga menyang rumah sakit nalika dikandani  kahanan iku dening tanggaku. Nalika tekan rumah sakit aku langsung kapethuk dokter lan takon kahanane Risty.
“Pripun dok kahanan kanca kula??”

 “Kancamu gegar otak dik. Ketoke kancamu bakal amnesia.”
...... aku mung bisa meneng nalika kaprungu ngendikane dokter kaya mangkono.
Ngerti kahanane Risty kaya mangkono saka dokter, langsung wae aku telpon sekolahan lan ngabari kahanane Risty supaya langsung bisa izin ora mlebu sekolah. Telung dina suwene Risty koma, bubar sekolah aku mesti langsung lunga menyang rumah sakit amarga pengen nunggu kanca kang paling tak tresnani. Mangkat sekolahku wae uga saka rumah sakit. Aku nunggoni Risty kanti ikhlas lan ndonga supaya Risty bisa kaya wingi maneh.
Wis 3 dina Risty dirawat ing rumah sakit. Wengi iku Risty sadar banjur omong.
“Nyuwun ngapunten mas, panjenengan sinten nggih???”
“…..” aku durung bisa jawab pitakone Risty.
Ngerti menawa Risty wis sadar, dokter banjur diundang dening ibuku.
“Kanca kula kenging menapa dok?? Kok boten kelingan kaliyan kula??
Bubar mriksa Risty dokter banjur ngendika, “Nyuwun ngapunten dik,,,,, kancamu amnesia.”
Dongaku katon sia-sia nalika gusti pangeran duwe kehendak liya marang Risty. Risty lali marang aku.
***
Telung dina bubar Risty koma, Risty banjur digawa mulih. Aku minangka kanca paling cedhak karo Risty, saben dina ngajak Risty dolan kareben dhekne bisa seneng lan ndonga dhekne bisa kelingan marang kedadeyan sadurunge.
“Ris,,, ayo melu aku mlaku-mlaku! Ben awakmu rada seger.”
“Aku jaluk pangapuramu ya Rif? Aku during bisa kelingan marang kowe.”
“Ya Ris, ora apa-apa. Wes, gek ayo padha mlaku-mlaku wae. Kowe bakal dak ajak menyang papan biasane aku lan kowe dolanan saka cilik.”
“Ya Rif, sapa ngerti kuwi bakal gawe aku kelingan marang kowe.”
Aku lan Risty wis tekan papan anggonku dolanan bareng saka cilik. Nanging papan kuwi durung bisa gawe amnesiane Risty mari.
“Rif, aku intuk tekon karo kowe ora?”
“Tekon apa Ris…? Tekono wae,,,,
“Aku wingi kena apa to kok bisa menyang rumah sakit?”
“Wingi kowe ditabrak mobil Ris, kowe ditabrak mobil gara-gara anggonmu nyebrang ora ndheleng kiwa tengen lan mlaku sinambi sinau amarga isuk kuwi bakal ana ulangan ing kelasmu.”
“Lha aku menyang sekolah karo sapa Rif?”
“Dhewekan Ris. Nalika iku kanca-kancamu wis mangkat dhisik amarga kowe telat anggonmu tangi. Jarene ibumu wengine kowe nglembur sinau mergo isuke bakal ana ulangan.”
“O mangkono to critane?! Rif, aku nitip pesen karo kowe ya? Besuk nalika aku seda kowe aja lali karo aku ya? Kowe aja lali karo aku arepo aku lali marang sliramu…! Koyone kowe pancen kancaku paling cedhak. Aku bisa ngrasakke iku, aku rumangsa tentrem nalika cedhak karo kowe. Tentrem karana kanca….”
Tes,,,, tes,,, tes,,, Luhku mbrebes nalika kaprungu Risty omong kaya mangkono. Rasane aku kaya bakal ditinggal dening wong paling penting ing uripku……
“Yowes Ris, ora usah omong koyo mangkono maneh…. Saiki sing penting awake dhewe padha seneng. Perkara besuk, dipikir besuk. Sing penting kowe bisa mari saka amnesiamu kuwi.” Aku omong koyo mangkono sinambi ngusap luh kang mbrebes saka mripatku.
Aku lan Risty banjur neruske anggonku mlaku-mlaku ing papan kang nyimpen akeh caritaku karo Risty saka cilk.
***
Iki dina kaping loro aku ngajak Risty mlaku-mlaku. Saiki aku kepengin ngajak Risty jajan ing warug biasane aku lan Risty mangan rames. Ing kene bakule ramah karo wong-wong kang padha mampir.
“E..... Mbak Risty? Dangu timen mbak boten tindak mriki?”
“Nyuwun ngapunten bu, ibu sinten nggih??”
“Lho,,, panjenengan Mbak Risty kang biasane lagganan rames kula to???”
“……” Risti bigung marang pitakone ibu-ibu kang tunggu warung.
“Ngapunten Bu, Mbak Risty nembe kenging amnesia. Seminggu kapengker mbak Risty dipuntabrak mobil nalika mlampah  tindak dhateng sekolah banjur gegar otak Bu.”
“Astaghfirullah,,,, mugi-mugi enggal mantun mawon Mbak…”
“Nggih bu, matur nuwun.” Jawabe Risty.
“Bu kula pesen kadhos biasane nggih bu??” aku banjur nyaut pesen jajanan kang biasa dak tuku karo Risty.
“Nggih mas, panjenengan tengga sekedhap.!”
Sinambi nunggu pesenan aku nduduhke poto-potoku karo Risty nalika jajan ing warung iki.
“Ris, iki ana poto nalika aku lan kowe jajan ing warung iki”
Nalika aku lan Risty lagi mangan jajanan sinambi ndheleng poto, langit mendung banjur udan. Risty kang durung suwe anggone sadar saka koma ngerasa kademen. Langsung wae tak wenehi jaket kang lagi tak enggo kareben Risty ora kademen.
“Ris, iki jaketku! Mbok enggo wae tinimbang kowe kademen terus masuk angin.”
“Weh, lha menawa kowe masuk angin kepriye Rif?”
“Ora ya Ris, ora usah mikirke aku dhisik.! Sing penting kowe ora masuk angin lan bisa ndang mari.”
“Weh, ya maturnuwun ya Rif!! Nanging sakumpama kowe kadhemen mbok jaluk maneh wae jaketmu!!”
“Sip bu bos….!!! Hahaha” aku banjur mecahke kahanan nalika iku.
***
Saiki wes telung minggu Risty bubar saka rumah sakit nanging durung ana bedane karo Risty nalika lagi wae sadar. Risty durung eling marang aku lan sapa wae ing lingkungane. Isuk iku Risty kapengin mlaku-mlaku amarga jeleh saben dina mung ana ing omah terus.
“Bu, aku tak mlaku-mlaku ya? Aku jeleh saben dina ana ngomah terus.”
“Weh, kowe durung mari nduk! Mengko nek ana apa-apa kepriye? Kowe rak mung dhewekan to? Rifki durung bali saka sekolah.!”
“Aku bisa ya Bu. Aku wes kelingan menawa mung dalan sekitar omah.”
“Lha mengko yen kowe diblasukke wong kepriye nduk??” ibune Risty nyoba menging anggone Risty mlaku-mlaku.
“Ora ya Bu! Aku bisa kok Bu.”
“Yen mangkono karepmu, ya mangga. Nanging kowe kudu ngati-ati ya nduk??!”
“Nggh Bu.! Maturnuwun.”
Esuk iku Risty banjur mlaku-mlaku ana sekitar omahe karo mesam-mesem katon seneng banget amarga bisa weruh jaba omahe tanpa dikancani sapa-sapa.
“Weh, kok aku mumet ya? Weh, aku kena apa iki…?”
“……..”                           
Risty semaput banjur digawa menyang rumah sakit karo tanggane. Aku kang esuk iku durung bali sekolah banjur dikabari dening ibuku kang tindak menyang sekolahanku.
“Rif, Risty digawa menyang rumah sakit maneh!”
“Pripun bu?!! Lha kok bisa mangkono kepriye bu?”
“Mengko bae anggonku carita, saiki ayo izin marang Bu Guru banjur menyang rumah sakit dhisik wae….”
Aku lan ibuku banjur lunga menyang rumah sakit anggone Risty mapan.
“Pripun dok kahanan kanca kula??” takonku marang dokter kang bubar mriksa Risty.
“Ing sirahe kancamu ana pendarahan dik. Perkawis kuwi gawe kancamu kritis. Menawa bisa sadar wae iku wis mukjizat dik.”
“Mukjizat??? Artosipun kanca kula pun boten saged mantun mekaten dok?? Panjenengan ampun ngapusi kula dok…!!!!”
“Kita mung bisa ndonga kanggo marine kancamu.”
Bubar mriksa Risty dokter banjur lunga kanthi ngendika kaya mangkono. Saiki atiku wis mangkat gela. Kanca kang paling tak tresnani ana ing pucuk umure, menawa bisa sadar kancaku slamet, menawa ora artine kancaku seda. Aku mung bisa ndonga kanti luh kang mbrebes saka mripatku.
***

Wis sedina Risty dirawat ing UGD, aku kang lagi nunggoni ing kursi cedhak anggone Risty mapan kaget nalika Risty kejang-kejang.
Ana apa Ris...???!!? kowe ora kenapa-kenapa to???!!?!! Risty???!!!”
Dokteeeeeerrrrr….!!!!” Aku nyeluk dokter sak seru-serune.
Nalika iku dokter banjur teka lan mriksa Risty. Durung ana 10 menit anggone dokter mriksa, dokter wis mbalikke awak kanthi lesu banjur ngendika “Nyuwun ngapunten, kula naming manungsa. Sedaya sampun dipun atur dening kang maha kuwasa.”
Tes…. Tes… tes…
Aku kang kaprungu ngendikane dokter mau langsung mbrebes luh saka mripatku.
***
Saiki Risty wis ora ana. Kanca kang paling tak tresnani, kanca paling akrab ing donya iki, saiki wis sowan marang kang kuwasa. Perkawis-perkawis kang ndhisik dak lakoni bebarengan wis ora bakal daklakoni maneh. Kapethuk we wis ora bakal bisa maneh, saiki aku wis ora duwe kanca papan anggonku crita saben dinaku, saiki aku mung katon urip dhewekan.

No comments:
Write comments

Tertarik dengan layanan kami?
Dapatkan selalu informasi terbaru !